Rumah Makan Kusuma Sari, Ikon Menu Tradisional Ana Ing Kutho Solo
RM KusumasariINDONNESIANEWS (Jawa)-Solo kawentar pinangka kutha kuliner kang nduweni manekawerna masakan khas tradisional asli Solo. Masakan tradisonal kasebut santarane, Sega Liwet, Sop Manten, Selat, Gudeg Ceker, Brongkos,Sega Berkat lan manekawerna masakan tradisional liyane. Kajaba masakan tradisional ana uga jajanan asli solo saantarane, Klepon, Intip, Kripik, Srabi, Jadah Blondo, Gethuk, Ledre, lan jajanan tradisional liyane.
Solo uga nduwe jenang sing saben taun di leksanakake pengetane kanthi nama Festival Jenang Nusantara. Jenang Nusantara asli Solo saantarane Jenang Sambel Goreng, Jenang Sumsum, Jenang Abang Putih, Jenang Abrit, Jenang Grendul lan manekawerna jenang tradisonal liyane. Sujarahe jajanan lan masakan iki sebageyan isih bisa di temokake ana ing serat serat kuna.
Masakan tradisional asli Solo nduweni daya tarik kanggo para wisatawan local lan mancanegara. Saengga ora gumunake yen akeh pawongan njaban kutho neneka sanja menyang Solo amung saderma kepingin ngrasakake cita rasa kuliner asli Solo. Sacara umum, warga masyarakat sing pada dodol masakan tradisional sapiturute pinggir dalan, satemene melu nglestariake kuliner tradisional.
Senadyan anggone dodolan temtu wae pasang surut, apa maneh saben taun sansaya akeh masakan lan jajanan kekinian metu kompetitor menyang pasar kuliner. Saengga butuh ketelatenan lan variatif anggone dodolan, amrih masakan tradisional tetap lestari isoh di nikmati masyarakat, mligine para generasi muda.
Kompetitor pasar kuliner ing Kutho Solo saben taun sansaya akeh. Warung lan rumah makan bukak tutup, ana sing bukak anyar, uga ana sing tutup amarga ora kuat melu kompetisi pasar kuliner. Kajaba nandingake cita rasa lan rega, pasar kelas masyarakat sing di gayuh uga dadi kawigatenan nalika wirausaha kuliner. Mula saka iku akeh pawongan padha dodol kawiwitan manggon ana ing warung oprokan nggirlan, nganthi tumeka kelas rumah makan hotel bintang lima. Kabeh golek pasar dewe dewe ana ing kompetisi pasar kuliner.
Mula saka iku ora saben pelaku wirausaha kuliner anja ing kutho Solo bisa tahan usahane nganti puluhan taun. Kajaba rasane kudu enak, duit modal kanggo mbukak usaha kuliner prayogane uga serep. Apa maneh makanan kekinian saiki dadi trend pasar kuliner Nusantara, butuh resep modifikasi lan variasi penyajian amrih masakan tradisional isih tetep lestari sepanjang masa.
Salah sijine rumah makan kang nyawisake menu masakan tradisional asli Solo sing saiki isih dadi brand yha iku Rumah Makan Kusuma Sari kang mapan ana ing pojok prapatan Nonongan, Solo. Kusuma Sari klebu salah sajine rumah makan lawas sing nganthi tumeka sak iki isih nyawisake menu tradisional asli Solo. Kaya ta Selat Solo, Sop Matahari, Sop Manten, Tahu Acar, Kroket lan manekawerna menu tradisional liyane. Kusuma Sari kawentar pinangka dapur heritage rumah makan asli Solo.
Miturut katerangane Herwita Titi Sekartaji, generasi ke 3 saka pendiri Rumah Makan Kusuma Sari, Sugiyarti Waluya Kusuma di kandhakake, anggone ngedekake rumah makan kawiwitan saka tahun wolung puluh wolu. Sadurunge usaha rumah makan, Sugiyarti luwih disik usaha catering kang diwiwiti awal tahun wolung puluhan. Sugiyarti Waluya Kusuma kawentar kaceluk nama Bu Menggung. Tahun wolung puluhan Bu Menggung bukak usaha katering kanggo dedaharan acara pahargyan mantu lan pesta.
Jasa katering kang di rintis eyang, klebu usaha kuliner sing sepisan ngadek ana ing kutho Solo’ Jelas Herwita Titi Sekartaji ana ing katerangane.
Nalika sepisan ngadegake katering, tukang masake di cekel dening Pak Wiro. Salah sijine pangracik masakan kang nate suwita ana ing Keraton Kasunanan Surakarta. Lewat asil racikan Pak Wito kasil ngraketake masakan Jawa lan Belanda, saengga ngasilake rasa sing nganti tumeka saiki isih dadi menu andalan ana ing Rumah Makan Kusuma Sari. Sukses nekuni usaha catering, tahun wolung puluh wolu Sugiyarti mbukak usaha rumah makan cecawis meja gunggung cacah telu.
Ngadek ambruk usahane di lakoni Sugiyarti, sithik saka sithik Sugiyarti tundhane bisa sukses nglakokake wirausaha catering lan rumah makan. Ngawa motto leladi ingkang sae, catering lan rumah makan Kusuma Sari saiki kawentar pinangka dapur menu heritage rumah makan tradisional asli Solo. ‘
Slogane ora komplit sanja menyang kutho Solo yen durung mampir menyang rumah makan Kusuma Sari ‘ Imbuh Herwita nerangake slogane rumah makan Kusuma Sari, Solo.
Anggone mbukak wirausaha katering, Kusuma Sari ora mung bisa menehi pakaryan atusan pawongan sing padha nganggur, nanging uga nurunake para entrepreneur wirausaha catering. Katelah saka aslie sing pada makaryo menyang Kusuma Sari, saiki akeh karyawan sing uwis bisa usaha catering dewe. Kabeh mau saka asile sinau katering menyang Kusuma Sari.
Munggah mudun anggone usaha diakoni Herwita di alami dening Kusuma Sari. Apa maneh nalika katerak pandemic covid 19, rumah makan Kusuma Sari kandhane Herwita Titi Sekartaji, sempat sepi sasuwene telung sasi. Sauwise banjur rame maneh usahane.
Babagan iki di mangerteni banget dening Herwita, pinangka wakil generasi katelu sing uga melu nyekel tata pangelola Rumah Makan Kusuma Sari. Anggone rame ora tanpa sabab, jalaran akeh jasa wirausaha rumah makan wektu kui padha mandeg lan bangkrut. Menu tradisional asli Solo kang dadi andelane Kusuma Sari dadi cagak anggone rumah makan tetap bisa ngadeg lan rame, senadyan mangsa pandemic covid19.
Nalika sepisan di adegake, katering lan rumah makan Kusuma Sari, tata kelola managemene di akoni Herwita isih amburadul. Isih migunakake managemen rumah tangga, saengga usahane sempat surut. Durung maneh makanan kekinian lan iklan masakan kekinian ana ing media social, dadi salah sijine trend sing kudu di etutake. Amarga yen ora ngetutake perkembangane jaman, usaha sing uwis suwe lan mapan tetap bisa surut katerak para competitor sing mampu mengelola pemasaran liwat tehnologi Digital Marketing.
Masyarakat lan genberasi muda saiki gampang tertarik kelawan iklan sing kasebut instagramable. Mula saka iku pelaku wirausaha mligine jasa kuliner, kudu bisa main ana ing ruang media social. Manfaatake media social kanggo pasar wirausaha. Tuntutan jaman ndadhekake wanita sing akrab di sapa Tita iki banjur nata managemen kang trep marang kondisi jaman. Managemen di kelola kanthi apik, bageyan catering lan rumah makan di wenehi manager dewe dewe. Saengga bisa kanggo ndandhani kekurangane.
Masakan lan minuman di wenehi menu tambahan kekinian nanging ora ninggalake tradisional lan cirri khase. Kualitase di pretahanake kayadene motto leladine Bu Menggung. Anggone leladi ora mung menehi pelayanan kang apik marang tamu tamune, nanging luwih saka kui, leladi yha uga kualitase rasa, sarta kuantitase nalika nyawisake. Salah sijine menu sing dadi unggulane Rumah Makan Kusuma Sari yha iku Selat Solo lan Sop Manten.
Selat Solo rumah makan Kusuma Sari nduweni cita rasa khas asli kang beda kelawan Selat liyane. Cita rasa kuah Selat kang di ramu bumbu rempah Nusantara di campur racikan sayur lan daging sapi, sansaya nambah maknyuus cita rasa asli Selat Solo Rumah Makan Kusuma Sari. Apa maneh Sop Manten kang tumeka saiki dadi brand menu masakan tumrap para tamu sing pada dahar menyang Kusuma Sari, sansaya nandesake Kusuma Sari pinangka Dapur Heritage rumah makan asli Solo.
Tahu Acar sing di racik saka sayur, tahu, tempe lan kuah kecap, dadi kelangenane para tamu kang demen dahar menu sayur. Di tambah maneh kroket kentang campur daging, kang nduwe cirri khas empuk, gurih lan lembut, dadi camilan snack para tamu sadurunge dahar abot. Manekawerna menu masakan iki durung komplit yen durung diwenehi menu inuman khas Kusuma Sari. Ngengingi kompetitor wirausaha kuliner kang terus akeh, sarta ngadhepi generasi muda sing demen menu kekinian, Rumah Makan Kusuma Sari nambahi ragam menu Asian food , Steak lan inuman Jelly Drink.
Spesiale inuman Jelly Drink Rumah Makan Kusuma Sari, di olah saka coconut asli banyu degan. Saengga kesegarane kelapa muda katon banget rasane nalika di ombe. Anggone produksi inuman dewe kanggo njaga amrih kualitas menu sing di sajiake isih tansah kejaga kualitase, sarta dadi cirri mligi menu menu masakan lan minuman Rumah Makan Kusuma Sari. Tetambahan menu kekinian asil saka tuntutan jaman sing kudu ngetutake penjalukane pasar.
Setiap wektu tertemtu, pihak managemen, manager catering lan rumah makan beberangen metting ngonceki babagan pakaryan, menu lan manekawerna persoalan tumrap kawigatenane usaha kuliner. Iklan menyang instagram, facebook, twetter lan media social liyane di rambah kanggo ngenalake marang generasi muda lan masyarakat sacara luwas.
Liyane iklan menyang media social, tembok rumah makan Kusuma Sari sing ana ngarep di gambari mural pesan social saengga bisa dadi daya tarik para generasi milenial neneka menyang Kusuma Sari. Gambar mural sing paling anyar mawujud pesan perdamaian saka pak Presiden Joko Widodo kang di gambar mural lagi nglakonake wayang tokoh Presiden Putin lan Presiden Ukraina.
Ana ing sisih nduwur diwenehi pepeling ruwatan war of III. Gambar mural sing ana tembok Kusuma Sari ora mung kanggo pesan perdamaian, nanging bisa dadi pesan social lan daya tarik sarta branding Rumah Makan Kusuma Sari.
Herwita nandhesake, wirausaha kuliner wektu iki ora gampang. Apa maneh nalika pandemic covid19 neneka, masyarakat di edukasi dadi entrepreneur wirausaha, tundhane akeh sing padha wewangun bisnis usaha kuliner. Nanging akeh uga bisnise sing ambruk pasca pandemic, amarga karakter masyarakat saiki demen cecoban menu anyar lan kekinian.
Sacara umum menu kekinian pancen ora kaya menu tradisional kang uwis teruji nganti tumeka atusan taun isih lestari. Nanging menu tradisonal uga kudu ngetutake jaman amrih tetap isoh lestari lan dadi pandemen ana satengahing masyarakat./ (Djoko)